Kamis, 16 Januari 2020

Cerita rakyat khaerina salza

CRITA RAKYAT


   Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti.Crita rakyat duweni unsur-unsur pambangunan, kayata :


Tema = Pokok permasalahan ing sajroning crita

Latar (setting) = Papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.


Penokohan = Paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.

Alur = Urut-urutane prastawa ing crita.

Sudut Pandang = Cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan,wong kapindho,utawa wong katelu.

Amanat = Pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.



  Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare Kairupan manungsa lan masyarakate.


B. Titikane crita rakyat

• Penyebarane kanthi lesan

• Duweni sipat tradisional

• Sugih cakrik lan variasi

• Jenenge pangripane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruh sapa sing nganggit)

• Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


C. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom.


Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam daratan,segara,utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.

Legenda : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan,biasane crita mau ana petilasan arupa watu,gunung kali,lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang,lan sapanunggale.


Dongeng : Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung,lan sapanunggale.



D. Mupangate crita rakyat

    Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.

Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.

Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.

    Mupangkat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.

   Mupangkat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.


E. Sinopsis

   Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njelentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :


Tema : Gagasan pokok, pokok crita

Latar : Papan lan wektu dumadine prastawa

Alur  : Lakuning crita

Penokohan : Paraga crita



   Saka katerangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA


Tembang macapat pocung khaerina salza

TEMBANG MACAPAT POCUNG
    Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh Pangkur lan pupuh Sinom uga ngemot pupuh Pocung. Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.
A. Maos lan nanggepi teks Serat Wedhatama pupuh Pocung.
POCUNG
Ngelmu iku, kalaone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangese dur
angkara.
B. Nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan.
Pupuh Pocung ingkang Serat Wedhatama ngewrat tembang cacahe 15 pada (bait), wiwit saking sekar 'Ngelmu iku ...' dumugi sekar 'angkara'.
Guru gatra saben sapada sekar Pocung wonten 4.
Guru lagu tembang Pocung yaiku u, a, i, a.
Guru wilangan tembang Pocung yaiku 12, 6, 8, 12.
Supados gampil disadar emut, guru wilangan lan guru lagune sekar Pocung, biasane diserat 12u, 6a, 8i, 12a.
C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake ugi kahanane bebrayan.
   
POCUNG
Ilmu itu, dapat tercapai melalui
usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk
menumpas angkara murka.
     Namung salah satu dening 15 pada lebet pupuh Pocung Serat Wedhatama. Dening pada ingkang sampun dimaknakan dados basa indonesia wau saged ditemokake tuntunan lebet sugeng, umpamane:
Manungsa kedah kagungan ngilmu kanthi upakara ngudi/usaha.
Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
Ingkang diniati kas yaiku wonten daya ingkang njalari kiyat kaliyan santosa.
Santosa kanthi setya dhateng budaya kagem mbentengi tewah kalyan wekare patrap angkara murka.
D. Medah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung.
     Kados ingkang diandharake lebet ngajeng, sekar Pocung punika dibangun dening larikan-larikan ingkang disebutani guru gatra cacahe sekawan gatra. Wiwit gatra sesekali ngantos gatra sekawan sedaya wonten aturan. Trapsila punika saged kagem gondhelan rikala melangka tembung Pocung. Menawi melangka sekar Pocung boten lagune sekar Pocung kados ngandaop menika.
       ~Ngel/mu/i/ku/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/            12U
       ~Le/kas/e/la/wan/kas/                                      6A
       ~Te/ges/e/kas/myan/to/sa/ni/                                8I
   ~Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/   12A
E. Nulis cakepan sekar Pocung
        Nulis sekar Pocung menika kedahndherek trapsila ingkang gumanthok ingkang disebutkake lebet ndhuwur wau. Trapsila ingkang gumanthok punika guru gatra, guru wicalan, kaliyan guru lagu. Supados saged nulis cakepan sekar Pocung, wiwitana kanthi ngasta ukanten bebas.
    Ukanten bebas lan cakepan tembang pocung
-Supados negara kukuh budaya kudu utuh 12U (Karben kukuh budaya bangsane wutuh).
-Utuh, tuwuh, lestari, lan ngrembaka 6A (Tuwuh lan ngrembaka).
-Mulane budaya jawa kudu diuri-uri 12 A (Dijaga murih lestari).
-Supadosboten ketindhihan budaya manca 12 A ( Supado boten ketindhihan budaya manca).
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Iklan khaerina salza

Iklan

  Iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet,koran. Ananging radio,tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Basa iklan kang becik iku bisa gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Iklan uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu.

   Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja, gampang dimangerti,narik kawigaten,sopan,lan logis.

B. Unsur-Unsur Iklan

Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
Pihak utawa pawongan kang masang
Alamat sing masang
Kahananan serta manfaat barang utawa jasa  kang ditawakake

C. Nulis Teks Iklan

   Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane ngawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan kayata ing ngisor iki :

Migunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya
Sing ngirim kudu cetha.
Nuwuhake rasa pengen nduweni barang sing ditawarke.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

D. Contoh Teks Iklan
Pepsi minangka produk minuman saka Amerika Serikat. Kaya dene coca-cola, fanta,utawa sprit, Pepsi uga wis dipasarake ing saindenging Indonesia,khususe Jawa. Penyebarane amba banget


Sumber : Buku gegaran nyinau basa Jawa 2 kelas Xll SMA /SMK /MA




  




Pawarta khaerina salza

PAWARTA

    Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.

    Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

Sumber : https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa.html?m=1




BAHASA JAWA geguritan khaerinasalza


GEGURITAN

   Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
  Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kantgi cara ing ngisor iki :

Maca kanthi premati,yen perlu dibolan-baleni
Nggatekake ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu,entar,utawa lambang.
Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan ditemokake karepe.


   Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesthi bisa katemokake isine geguritan. Kanthi mentes,apik,endah,mengkono,banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju(sarujuk),bisa ora setuju,bisa nyengkuyung,lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen(berlawanan).

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumpuhake karo kahanane bebrayan.
  Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah,rasa sedih,nggrantes,utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake runtunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

  Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mangkene :


Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra,guru wilangan,guru lagu,lan sapanunggale.
Ngutamakake isi kang mentes,apik,endah,lan becik.
Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi,baliswara,saroja,entar,lan sapanunggale)
Isine bisa pitutur,piweling,kritik,protes,nyindhir,nggrasah,pamundhut,lan sapanunggale.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA